Postingan

Menampilkan postingan dari Oktober, 2020

paribasan (jawa)

 1) katulo tulo katali = nandang susah terus terusan  2) tinggal glanggang colong playu = ninggalake ayahane kang durung rampung 3) sepi ing pamrih rame ing gawe = Tumindak kang dilambari rasa lila lan legawa 4) becik ketitik ala ketara = panggawe becik lan ala wusana ne bakal ketara 5) bathok bolu isi madu = wujude ora pakra nanginh duwe kaluwihan

Tembung rerangkepan

 Tembung rerangkepan dipantha dadi telu (3) yaiku:  1) A.  Dwilingga (lumrah) / dwilingga padha swara. contone : cekak-cekak , alus-alus,gampang-gampang B. Dwilingga salin swara / dwilingga ganti swara. contone : tura-turu , bengak-bengok ,gebyar-gebyur 2) Dwipurwa yaiku tembung-tembung sing diwaca utawa ditulis kaping pindho mung wandane sing ngarep. contone : cecawis ,lelima , lelayu ,tetuku 3) Dwiwasana yaiku tembung-tembung sing diwaca utawa ditulis kaping pindho mung wandane sing mburi. contone : cengenges , cekikik , cekakak, ndengangak